PANGANDHARING TORET 23:8 - Kitab Sutji8 Bocah kang lair saka wong-wong iku turune kang kaping telu kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.” Faic an caibideil |
Sang Prabu Suleman banjur kapundhut mantu dening Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, marga panjenengane mundhut garwa putrane putri Sang Prabu Pringon, iku nuli kaboyong menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud, nganti rampunge anggone panjenengane yasa kedhatone lan padalemane Sang Yehuwah sarta balowarti ing sakubenge Yerusalem.
Sawuse lelakon iku mau kabeh, para panggedhe nuli padha ngrawuhi aku lan ngandika: “Umat Israel saha para imam tuwin para tiyang Lewi punika sami boten nebihi para tiyang ing tanah ngriki saha lampahipun ingkang nistha, inggih punika tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Feris, tiyang Yebus, tiyang Amon, tiyang Moab, tiyang Mesir saha tiyang Amori.