Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 23:7 - Kitab Sutji

7 Bangsa Edom iku aja kokanggep jember, awit iku sadulurmu. Wong Mesir iya aja kokanggep jember, marga kowe biyen padha dadi wong neneka ana ing nagarane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 23:7
19 Iomraidhean Croise  

Esap tumuli nembung marang Yakub: “Bok aku kokwenehi mangan sing abang-abang kuwi ta, awit aku kesel.” Yaiku jalarane banjur peparab: Edom.


Para putra lan wayahe lanang lan wadon, satedhake kabeh padha diboyongi menyang ing tanah Mesir.


Karodene Sang Yusuf nyekapi panggesangane kang rama, sadherek-sadhereke lan sabrayate kang rama, miturut cacahe anak-anake.


Anadene pamanggone Israel ana tanah Mesir iku ana ing tanah Gosyen, lan padha dadi pendhudhuk ing kono, sarta padha bebranahan lan tangkar-tumangkar nganti dadi akeh banget.


tanah Mesir iki ngeblag tumrap sira. Bapakira lan sadulurira tuduhana panggonan kang becik dhewe, kareben padha manggon ana ing tanah Gosyen. Dene manawa sira weruh ing saantarane panunggalanira ana kang trengginas, padha sira dadekna pemimpin pangoning raja-kaya kagunganingsun.”


Iya panjenengane iku kang dadi mungsuhe Israel ing salawase sugenge Sang Prabu Suleman lan kang ndhatengake kasangsaran kayadene Sang Hadad. Panjenengane sengit marang wong Israel lan banjur jumeneng ratu ana ing Aram.


Kang iku sira aja nganti ngwenehake anak-anakira wadon marang anake lanang bangsa-bangsa iku lan aja ngalap anak-anake wadon kanggo anakira lanang. Sira aja mbudidaya ngolehake kabegjan lan karaharjan kanggo wong-wong iku nganti ing salawas-lawase, supaya sira padha dadi rosa lan padha mangan pametune tanah kang becik, apadene padha marisake tanah iku marang anak-anakira nganti ing salawas-lawase.


Mangkono Rama Israel banjur rawuh ing tanah Mesir, lan Rama Yakub dadi wong neneka ana ing tanahe Kham.


“Sira aja nguya-uya utawa nindhes wong neneka, marga sira dhewe iya wus ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.


Wong neneka aja sira tindhes, awitdene sira rak wus padha ngerti marang rasaning atine wong neneka, marga sira wus padha ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.


Wong seje bangsa kang manggon awor karo sira, iku ana ing antaranira dadia kaya wong Israel asli, iku sira tresnanana kaya dene awakira dhewe, awitdene biyen sira iya padha dadi wong neneka ana ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


“Ingsun ngasihi marang sira,” – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –. Nanging sira munjuk: “Anggen Paduka ngasihi kawula caranipun kadospundi?” “Esap iku rak kamase Yakub,” – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah –, “ewasamono Yakub Sunkasihi,


Sawuse iku Nabi Musa banjur ngintunake utusan saka Kadesy menyang ing ngarsane raja ing Edom, piwelinge: “Sadherek dalem Israel gadhah atur makaten: Paduka mirsa sakathahing kasisahan ingkang tumempuh dhateng kawula sadaya,


Mulane kowe iya padha nandukna katresnan marang wong ngamanca, marga kowe biyen iya wus ngalami dadi wong manca ana ing tanah Mesir.


Bocah kang lair saka wong-wong iku turune kang kaping telu kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan