Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 23:6 - Kitab Sutji

6 Bangsa loro mau aja kokarah tentreme lan becike, sajegmu urip nganti salawas-lawase.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 23:6
9 Iomraidhean Croise  

Wong isine kutha padha diboyongi lan dipeksa nglakoni pagawean mawa graji, bur lan wadung wesi; uga dikon nyambutgawe ana ing panggonan nyithak bata. Sakehe wong ing kutha-kutha bani Amon uga ditrapi gawean mengkono dening Sang Prabu Dawud. Sawuse mangkono Prabu Dawud nuli kondur menyang Yerusalem kadherekake wadyabala kabeh.


Bokmanawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsun minangka lirune anggoningsun diipat-ipati ing dina iki.”


Sang Prabu Dawud nuli ngasorake wong Moab, wong-wong iku padha didhawuhi turon ana ing bumi lan tanahe diukur klawan tali; kang diukur tikel lorone tali iku padha dipateni, lan kang satali kemput diuripi. Wong Moab padha teluk marang Sang Prabu Dawud diwajibake asok bulubekti.


Kang iku sira aja nganti ngwenehake anak-anakira wadon marang anake lanang bangsa-bangsa iku lan aja ngalap anak-anake wadon kanggo anakira lanang. Sira aja mbudidaya ngolehake kabegjan lan karaharjan kanggo wong-wong iku nganti ing salawas-lawase, supaya sira padha dadi rosa lan padha mangan pametune tanah kang becik, apadene padha marisake tanah iku marang anak-anakira nganti ing salawas-lawase.


Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes – bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”


He umatingSun, padha elinga apa kang karancang dening Balak, ratu ing Moab, lan kapriye kang dadi wangsulane Bileam bin Beor, tuwin apa kang kelakon wiwit saka ing Sitim nganti tekan ing Gilgal, supaya sira ngakonana pandamel-pandameling Yehuwah kang adil.”


Ing kono Sang Prabu Balak banjur tuwuh dukane marang Bileam klawan ngremet-remet asta, tumuli ngandika marang Bileam: “Enggonku nimbali kowe iku dakpurih ngipat-ipati mungsuhku, lah kok malah kokberkahi rambah kaping telu;


nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan