Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 23:4 - Kitab Sutji

4 awit padha ora mapag marang kowe kalawan nyuguh roti lan banyu nalika kowe padha lumaku metu saka ing tanah Mesir, apadene marga anggone ngopahi Bileam bin Beor saka ing Petor ing tanah Aram-Mesopotamia, supaya nglawan kowe, yaiku supaya ngipat-ipati kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 23:4
19 Iomraidhean Croise  

Awit nalika Sang Prameswari Izebel nyirnakake para nabining Sang Yehuwah, Sang Obaja mundhut nabi satus banjur kadhelikake gegrombolan nyeket-nyeket ana ing sajroning guwa, sarta iya rumeksa marang pangan lan ngombene.


Sawuse lelakon iku mau kabeh, para panggedhe nuli padha ngrawuhi aku lan ngandika: “Umat Israel saha para imam tuwin para tiyang Lewi punika sami boten nebihi para tiyang ing tanah ngriki saha lampahipun ingkang nistha, inggih punika tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Feris, tiyang Yebus, tiyang Amon, tiyang Moab, tiyang Mesir saha tiyang Amori.


Amarga padha ora gelem mapag wong Israel kalawan suguhan roti lan banyu, nanging malah ngopahi Bileam supaya nglawan lan ngipat-ipati wong Israel. Nanging ipat-ipate iku diwalik dening Gusti Allah dadi berkah.


ing salebeting karupekanipun sadaya. Sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari; Panjenenganipun ingkang nebus margi saking tresna tuwin welasipun. Ing jaman kina sami dipun junjung saha dipun gendhong.


Tumrap bani Amon. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Apa ora ana turune Israel, apa ora ana ahli warise? Kena apa Bathara Milkom ndarbeni Gad, lan bangsane ngenggoni kutha-kuthane?


Si satru gumrageh tangane marang raja-branane Yerusalem kabeh, malah Yerusalem ndeleng para bangsa anggone padha lumebu ing papan pasucene, mangka Paduka, dhuh Yehuwah, sampun ngawisi tiyang-tiyang punika, boten kenging lumebet ing pasamuwan Paduka.


Marga saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Wong-wong manca kang atine lan badane ora katetakan, siji bae ora ana kang kaparengake lumebu ing pasuceningSun, yaiku saben wong manca kang ana ing satengahe wong Israel.


Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, – sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. –


awitdene kowe mesthi bakal dakganjar luwih dening akeh, karodene apa bae kang bakal dadi panyuwunmu marang aku, mesthi bakal dakleksanani. Kang iku kowe mrenea ta, ipat-ipatana bangsa iku.”


Bileam banjur ngucapake kidunge: “Sang Prabu Balak ratu ing Moab, ndhatengake aku saka ing tanah Aram, saka ing pagunungan wetan, pangandikane: Kowe mrenea, aku tulungana, ipat-ipatana Yakub, sarta mrenea, supatanana Israel.


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


Tumuli niba ing lemah sarta krungu swara kang mangandikani mangkene: “Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”


Nalika iku Balak anake Zipor ratu ing Moab, banjur tumandang nglawan wong Israel tuwin kongkonan nyeluk Bileam bin Beor dikon ngipat-ipati leluhurira.


Sarehne padha ninggal dalan kang bener, banjur padha kesasar, ngenut dalane Bileam anake Beor kang seneng tampa opah tumrap panggawe-panggawe ala.


Bilai wong-wong iku, sabab padha nulad lakune Kain lan nyemplung ing panasarane Bileam, marga saka mburu opah, sarta padha tumpes, marga saka anggone mbalela kayadene Korakh.


Apa memper aku njupuk rotiku, banyu omben-ombenku lan kewan belehanku kang daksembeleh kanggo wong-wongku juru ngguntingi, dakwenehake marang wong kang ora genah saka ngendi pinangkane?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan