Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 23:23 - Kitab Sutji

23 Apa kang kawetu saka ing lambemu, iku tetepana kalawan setya, amarga kalawan manasuka anggonmu nglairake nadar ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bab kang wus kokucapake kalawan cangkemmu dhewe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 23:23
20 Iomraidhean Croise  

Dakngluwari kaulku marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe umate kabeh,


Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah, lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur!


Manawa wong tanpa pikir muni: “Suci,” sarta lagi nimbang-nimbang sawuse nduweni punagi, iku jiret tumrap awake dhewe.


nanging kula sami badhe nglajengaken nindakaken punapa ingkang sampun kula ucapaken, inggih punika sesaji kurban dhateng raja putri ing langit lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng panjenenganipun, kados ingkang sampun sami kula lampahi, kula piyambak lan leluhur kula, punapadene para ratu saha pengageng kula ing kitha-kithanipun Yehuda lan ing lurung-lurungipun Yerusalem. Nalika samanten kula sami gadhah tetedhan cekap, kula sami rumaos begja lan boten ngalami karibedan.


“Sira ndhawuhana marang wong Israel lan sira tutura: Manawa ana wong nglairake punagi mligi marang Yehuwah tumrap manungsa, iku pangajine mituruta sapantese,


Manawa ana wong lanang nglairake punagi utawa nglairake sumpah marang Sang Yehuwah, iku kawengku ing kasaguhane ing bab sawijining prakara, mulane aja nganti nerak janjine; apa kang wus diucapake iku kudu ditetepi.


“Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha tampa pangandika mangkene: Aja nglairake sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangeran.


Bareng wis raina wong-wong Yahudi nganakake komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awake dhewe, ora bakal mangan utawa ngombe sadurunge nyedani Rasul Paulus.


Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang sampun mirantos badhe nyegat piyambakipun. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badanipun piyambak boten badhe nedha saha ngombe saderengipun mejahi piyambakipun. Sapunika sampun sami mirantos, kantun ngentosi putusan panjenengan.”


Nanging manawa kowe ora nglairake punagi, iku kowe ora bakal nandhang dosa.


“Manawa kowe liwat ing pakebonan anggur duweke pepadhamu kowe kena mangan wohe anggur sawaregmu, mung bae aja koklebokake ing wadhahmu.


Wonge padha ora dipateni dening wong Israel, amarga wus padha tampa prajanjian saka para panggedhening umat klawan sumpah atas asmane Yehuwah, Gusti Allahe Israel. Wong saumat kabeh padha pating kedumel marang para panggedhe mau.


Bareng mirsani putrane mau, banjur nyuwek pangagemane sarta ngandika: “Adhuh lae anakku, engger, atiku remuk rempu marga saka kowe, dene kok kowe iku kang nekakake bilai marang aku; lah aku wus duwe ujar marang Sang Yehuwah lan ora kena dakselaki.”


Banjur nglairake ujar, unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngengeti kawula saha boten kasupen dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhe ngaturaken lare punika dhateng Sang Yehuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhe kagepok ing lading panyukuran.”


Bareng wong Israel padha kesuk ing dina iku, Sang Prabu Saul dhawuh marang rakyat supaya ngucapake ipat-ipat, pangandikane: “Kenaa ing ipat-ipat wong kang mangan apa-apa sadurunge srengenge angslup lan sadurunge males ukum marang mungsuhku.” Mulane ora ana wong siji-sijia kang mangan apa-apa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan