Aja nganti kowe katuntun dening cangkemmu marang ing dosa, sarta aja matur ana ing ngarsane utusaning Allah manawa kowe tumindak kliru. Yagene ta tembung-tembungmu kok nganti ndadekake dukaning Allah ing bab pangucapmu lan banjur ngrusak pagaweaning tanganmu?
“Sira ndhawuhana marang wong Israel lan sira tutura: Manawa ana wong nglairake punagi mligi marang Yehuwah tumrap manungsa, iku pangajine mituruta sapantese,
“Manawa kowe ngunjukake punagi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggonmu ngluwari aja pijer semaya, awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal nagih marang kowe, temah bakal dadi kaluputanmu.
Apa kang kawetu saka ing lambemu, iku tetepana kalawan setya, amarga kalawan manasuka anggonmu nglairake nadar ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bab kang wus kokucapake kalawan cangkemmu dhewe.”
Wonge padha ora dipateni dening wong Israel, amarga wus padha tampa prajanjian saka para panggedhening umat klawan sumpah atas asmane Yehuwah, Gusti Allahe Israel. Wong saumat kabeh padha pating kedumel marang para panggedhe mau.