Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 23:21 - Kitab Sutji

21 “Manawa kowe ngunjukake punagi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggonmu ngluwari aja pijer semaya, awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal nagih marang kowe, temah bakal dadi kaluputanmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 23:21
24 Iomraidhean Croise  

Yakub banjur nglairake punagi: “Manawa Gusti Allah nunggil lan ngreksa aku ing saurute dalan kang dakambah, sarta maringi roti kang dakpangan, apa maneh sandhangan kang dakanggo,


Manawa kowe ndedonga marang Panjenengane, mesthi disembadani, sarta kowe bakal ngluwari ujarmu.


Dakngluwari kaulku marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe umate kabeh,


kang ora nganakake dhuwite lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh. Sapa kang tumindake kaya mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.


Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah, lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur!


Gusti Allah, kang dakendelake, mulane aku ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?


Mugi anggenipun jumeneng ratu wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saged lestantun ing salami-laminipun, sih-kadarman tuwin kasetyan Paduka kadhawuhana ngreksa panjenenganipun.


Saestu para tiyang brangasan lajeng badhe sami caos sokur dhumateng asma Paduka, kekantunaning tiyang brangasan sami Paduka kendhaleni.


nuli bakal tuwuh bebenduningSun, sarta sira bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, temah somahira padha dadi randha lan anak-anakira padha lola.


ora nganakake dhuwit utawa njupuk bebathening lintah dharat, ngedohi laku culika, nindakake tatanan kang bener ing antarane wong lan pepadhane,


Awit saka kang mangkono iku wong-wong mau dadi banget wedine marang Sang Yehuwah, sarta padha nyaosake kurban sembelehan konjuk marang Sang Yehuwah, sarta nglairake punagi.


Nanging kawula badhe nyaosi kurban dhateng Paduka kanthi ngucap sokur; punapa ingkang dados punagi kawula, badhe kawula leksanani; kawilujengan punika namung saking Sang Yehuwah!”


Delengen! Ing gunung-gunung ana wong kang lumaku lan nggawa pawarta, kang martakake kabar tentrem-rahayu. He Yehuda, dinamu gedhe riyayakna, punagimu tetepana! Amarga wong dursila ora bakal teka lan nempuh marang kowe maneh; awit wus katumpes babar pisan!


“Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha tampa pangandika mangkene: Aja nglairake sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangeran.


nuli bani Lewi kang ora oleh panduman tanah-pusaka kaya kowe iku, apadene wong bangsa liya kang neneka, anak yatim sarta randha kang ana ing panggonanmu, iku bakal padha mara lan mangan nganti wareg; iku supaya kowe diberkahana dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tumrap sakehe pagawean kang koktindakake.”


Tumrap wong bangsa liya iku kena koktagih, nanging kang kokutangake marang sadulurmu iku lilakna.


Opahe wong tuna-susila sarta dhuwit opahane pajindikan aja nganti koklebokake ing pedalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo netepi salah sawijining nadar; awitdene iku jember tumraping Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Nanging manawa kowe ora nglairake punagi, iku kowe ora bakal nandhang dosa.


sampun ngantos namanipun Yonatan kabusek saking tedhak-turunipun Dhimas Dawud, ugi manawi Pangeran Yehuwah badhe males ukum dhateng mengsah-mengsahipun Dhimas Dawud.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan