Aja nganti wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah iku celathu: “Pangeran Yehuwah mesthi bakal misah aku saka umate,” sarta aja nganti wong kebiren muni: “Aku iki satemene wit kang garing.”
Kowe kabeh padha nglakoni panggawene bapakmu dhewe.” Unjuke wong-wong mau: “Lair kula punika boten saking bedhang, kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Gusti Allah.”
Wong Amon lan Moab ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah, malah turune kang kaping sapuluh iya ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah salawas-lawase;