Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 23:18 - Kitab Sutji

18 Opahe wong tuna-susila sarta dhuwit opahane pajindikan aja nganti koklebokake ing pedalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo netepi salah sawijining nadar; awitdene iku jember tumraping Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 23:18
21 Iomraidhean Croise  

Malah ing nagara kono uga ana pelacuran kanggo ngibadah. Wong-wong padha nglakoni sakehing panggawe nistha kang ditindakake dening para bangsa kang wus katundhung dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.


kakiyatan kawula garing kados beling, ilat kawula kraket ing cethak kawula, sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.


Kaya asu kang mbaleni utah-utahane, kaya mangkono wong gemblung anggone mbolan-mbaleni kabodhoane.


Sabab Ingsun, Yehuwah, remen marang kaadilan lan sengit marang tindak ngrayah lan kaculikan; Ingsun bakal maringi pituwas marang sira kang trep, sarta bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh.


Sakehing wanita tunasusila padha gelem nampani opah, nanging sira ora mangkono, sira kang malah ngopahi para wong kang sira ajak bedhangan minangka pamikat, supaya wong-wong ing sakiwa tengenira padha marani sira lan banjur bebedhangan.


Sira aja padha awor turu karo padha wong lanang apatrap kaya karo wong wadon, iku pratingkah rusuh.


Sira aja ngrusak kasucene anakira wadon kanthi patrap sira dadekake wong tuna-susila, supaya wong sanagara aja nganti padha laku jina, temah nagara iku kebak pratingkah kang nistha.


Mangkono uga manawa wong lanang nunggal turu karo padha wong lanang patrape kaya karo wong wadon, dadi padha nglakoni pratingkah kang rusuh, iku sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.


Dene manawa kurban sembelehan mau kanggo ngluwari punagi utawa kurban manasuka, iku kapangana ing dina anggone kasaosake lan turahane kena dipangan esuke.


Reca-recane bakal padha diremuk lan sakehe pituwase laku bedhang bakal padha kaobong, lan sakehe brahalane bakal Sunsirnakake; awitdene kabeh mau kaklumpukake srana opahane laku bedhang, mulane bakal bali dadi opahaning bedhang maneh.


Paduka, ingkang paningal Paduka margi saking sangeting sucinipun lajeng boten karsa mirsani piawon saha ingkang boten mentala mirsani panganiaya, kenging punapa dene Paduka ngudaneni dhateng tiyang ingkang sami lampah cidra, saha lajeng kendel kemawon, samangsa tiyang duraka nguntal dhateng sesaminipun ingkang ngungkuli kautamenipun?


Kenaa ing laknat wong kang duwe kewan lanang ana ing antarane raja-kayane, kang wus didhewekake, ewasamono banjur ngurbanake kewan cacad marang Pangeran Yehuwah. Sabab Ingsun iki Ratu kang agung, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sarta asmaningSun diajrihi ana ing antarane para bangsa.


“Bareng kang suci aja kokwenehake marang asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowe.”


Kowe padha mranaa ngladekna kurbanmu obaran lan kurbanmu sembelehan sarta pisungsungmu prasepuluhan lan pisungsungmu mligi, pisungsung punagi lan pisungsungmu manasuka, apadene pembareping sapi lan wedhusmu.


ing kono bocahe banjur digawaa metu menyang ing ngarepe lawanging omahe bapakne, tumuli dibenturana watu dening wong saisining kuthane, nganti mati, awit wus gawe kuceme wong Israel, dene laku jina ana ing omahe bapakne. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


“Manawa kowe ngunjukake punagi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggonmu ngluwari aja pijer semaya, awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal nagih marang kowe, temah bakal dadi kaluputanmu.


Dipadha ngati-ati marang asu-asu, dipadha ngati-ati karo wong-wong kang ala panyambut-gawene, dipadha ngati-ati karo juru netaki kang palsu.


Kaanane wong-wong iku nocogi unine paribasan kang bener mangkene: “Asu mbaleni utah-utahane, sarta babi kang wis adus bali maneh menyang ing pagupakane.”


Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan