PANGANDHARING TORET 23:14 - Kitab Sutji14 Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, tansah tindak ana ing satengahing pakemahanmu prelu ngluwari kowe lan ngulungake mungsuhmu marang kowe; mulane pakemahanmu iku kudu suci, aja nganti Sang Yehuwah mirsa apa bae kang ora pantes ana ing antaramu, temah banjur mengker nilar kowe.” Faic an caibideil |
Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikakake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.