Karodene saben wong kang didemek dening wong kang mangkono iku, ora nganggo wisuh tangane dhisik, iku iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
Anadene wong kang ngetokake umbel mau samangsa wus mari, nuli ngetunga pitung dina engkas, supaya kapratelakna wus birat najise, banjur ngumbaha sandhangane, adusa banyu kang mili, temah dadi ora najis.
Aku iki mbaptisi kowe kabeh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mbok nyopot ageme trumpah bae aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.
Manawa ing antaramu ana wong lanang kang najis marga saka sadhengah kedadean ing bengine, iku metua menyang sajabane pakemahan, aja nganti lumebu ing pakemahan;
Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kita wus kaedusan kanthi banyu kang resik.
Samono uga kowe saiki iya padha kapitulungan kalawan ibarating lelakon mau, yaiku baptis, kang ora ateges ngresiki reregeding badan, nanging minangka panyuwun marang Gusti Allah supaya kaparingana rumangsaning ati kang becik, marga saka wungune Gusti Yesus Kristus,
sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, –