Awit saka iku aku kalawan bungah ngetohake barang darbekku, malah ngetohake awakku kanggo kowe kabeh. Dadi manawa aku banget tresnaku marang kowe, masa iya saya suda anggonku ditresnani?
Mangkono uga tindakmu tumrap kuldine sadulurmu lan iya mangkono tumrap sandhangane, iya mangkono tumrap sabarang duweke sadulurmu kang ilang lan koktemu, aja nganti kowe ethok-ethok ora ngerti.
“Wong wadon aja nganggo sandhangan wong lanang lan wong lanang aja nganggo sandhangan wong wadon, sabab sapa sing nglakoni mangkono iku dadi jember tumrap ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
Aku iya padha aweh pitutur marang kowe, para sadulur, wong kang uripe padha ora tumata iku perdinen, wong kang padha cilik atine iku lipuren, wong kang ringkih padha belanana. Sing sabar marang wong kabeh.