Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 22:30 - Kitab Sutji

30 Wong lanang ora kena njupuk somahe bapakne, ora kena ngungkabi jarite bapakne.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 22:30
8 Iomraidhean Croise  

Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – mulane sira wus dadi kagunganingSun.


Somahe bapakira aja sira ungkabi kawirangane, iku wewenange bapakira.


Manawa ana wong kang nunggal turu karo somahe bapakne, dadi ngungkapi kawirangane bapakne, sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.


Pancen wong-wong padha krungu, yen ing antaramu ana kang laku jina, malah patrape laku jina mau, ora tau kalakon ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, yaiku ana wong kang ngalap somahe bapakne.


Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.


wong lanang kang nuroni iku banjur menehana dhuwit seket sekel salaka marang bapakne bocah wadon, lan iku tumuli dadia somahe, marga wus diroda-peksa; kang wadon mau ora kena dipegat sajege urip.


Kenaa ing laknat wong kang awor turu karo somahe bapakne, marga ngungkapi jarite bapakne. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!


Pangucape Boas: “Sapa kowe iku?” Ature kang kasapa: “Kula punika ingkang abdi Rut; panjenengan mugi karsaa ngegaraken swiwi panjenengan saha ngayomi dhateng ingkang abdi, amargi panjenengan ingkang wajib nebus kula.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan