Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 22:25 - Kitab Sutji

25 Nanging manawa wong lanang mau ketemu bocah wadon kang wus pacangan iku ana ing ara-ara, banjur diroda-peksa lan dituroni dening wong mau, kang kaukum pati mung wonge lanang dhewe, kang nuroni mau;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 22:25
4 Iomraidhean Croise  

Nanging Pangeran Amnon ora maelu marang ature kang rayi; lan sarehne luwih rosa katimbang Sang Putri, dirodapeksa lan ditunggil sare.


Anadene miyose Gusti Yesus Kristus iku sejarahe mangkene: Nalika Maryam kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurunge tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg marga saka Sang Roh Suci.


sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


bocahe wadon aja kokkapak-kapakake. Bocah prawan iku ora ana dosane kang laras karo paukuman pati, marga prakara iku padha kaya manawa ana wong dirampog pepadhane lan dipateni.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan