Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 22:24 - Kitab Sutji

24 sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 22:24
14 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Calon semah kula panjenengan paringaken, sabab wekdal ingkang katemtokaken sampun telas, supados kula lajeng saged emah-emah kaliyan Rakhel.”


Awit iku tindak kang rusuh, malah iku piala kang pantes diukum dening hakim.


Sira bakal Sunadili kayadene patrape wong ngadili wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih apadene Ingsun bakal ngesokake marang sira bebendu lan butarepaningSun.


Manawa ana wong lanang kang bedhangan somahing liyan, dadi laku bedhang karo somahe pepadhane, iku loro-lorone padha kaukuma pati; iya wonge lanang iya wonge wadon kang dibedhang iku.


Nanging bareng lagi duwe gagasan mangkono iku, tumuli ana malaekating Pangeran ngatingali sajroning pangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu, awit Putra kang kabobotake iku marga saka Roh Suci,


Yusuf satangine turu banjur ngestokake kaya kang didhawuhake dening malaekating Pangeran, Maryam dipek bojo,


Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.


Ewadene kowe kok padha kumlungkung. Apa ora luwih becik kowe padha prihatin, sarta nyingkirake wong kang duwe pratingkah mangkono mau saka ing tengahmu.


Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.


Tangane seksi iku kang miwitana gumrageh mateni wong iku, sawuse banjur wong sabangsa kabeh. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.”


Anadene samangsa wong wadon mau wus ora koksenengi, nuli lilanana lunga ing sasenenging atine; poma aja kokedol nganggo bayaran dhuwit, iya ora kena kokrengkuh kayadene batur, marga wong iku wus kokpeksa.”


Manawa ana bocah wadon isih prawan kang wus duwe pacangan, ketemu karo wong lanang ana ing kutha, banjur dituroni,


Nanging manawa wong lanang mau ketemu bocah wadon kang wus pacangan iku ana ing ara-ara, banjur diroda-peksa lan dituroni dening wong mau, kang kaukum pati mung wonge lanang dhewe, kang nuroni mau;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan