Manawa ana wong lanang kang awor turu karo sawijining wong wadon, yaiku bature wong lanang liya, kang ora tau ditebus lan iya ora diwenehi layang tandhaning mardika, panggawe mangkono iku kudu kaukum, mung karo-karone aja nganti dipateni, marga bocah wadon iku durung dimerdikakake.
Lan panunggalanmu kang wus pacangan karo wong wadon, mangka durung nganti kaningkah, iku kena mundur mulih menyang ing omahe, bokmanawa mati ana ing paprangan, aja nganti wong liya kang ningkah.
sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.