PANGANDHARING TORET 22:21 - Kitab Sutji21 ing kono bocahe banjur digawaa metu menyang ing ngarepe lawanging omahe bapakne, tumuli dibenturana watu dening wong saisining kuthane, nganti mati, awit wus gawe kuceme wong Israel, dene laku jina ana ing omahe bapakne. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu. Faic an caibideil |
Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.
Aku padha milih saka sakehing talere Israel iku saben wong satus padha dakjupuk wong sapuluh, saben wong sewu: satus, saben sepuluh ewu wong sewu, iku diwajibake njupukake sangu kanggo wadya-bala iki; sawuse iku padha teka, nuli bisa males marang Gibea-Benyamin kang laras karo sakehe panggawene panyenyamah kang wus dilakoni ana ing satengahe wong Israel.”