Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 22:2 - Kitab Sutji

2 Dene manawa panggonane sadulurmu iku ora cedhak, utawa kowe ora sumurup sapa kang duwe, kewan iku nuli lebokna ing kandhangmu lan cikben ana ing kono, nganti digoleki dening sadulurmu, banjur kudu kokbalekake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 22:2
4 Iomraidhean Croise  

“Mulane apa sing kokkarepake ing bab tumindake wong marang kowe, iku iya etrapna marang wong, amarga iya mangkono iku surasane Toret lan kitabe para nabi.


“Manawa kowe weruh sapi utawa wedhuse sadulurmu ketriwal, kowe aja ethok-ethok ora weruh, nanging mesthi kudu kokulihake menyang panggonane sadulurmu.


Mangkono uga tindakmu tumrap kuldine sadulurmu lan iya mangkono tumrap sandhangane, iya mangkono tumrap sabarang duweke sadulurmu kang ilang lan koktemu, aja nganti kowe ethok-ethok ora ngerti.


apamaneh ing bab iki wong aja tumindak ora becik utawa ngapusi sadulure. Amarga Pangeran iku kang bakal malesake iku kabeh, kaya kang wus padha dakkandhakake lan daktandhesake marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan