1 “Manawa kowe weruh sapi utawa wedhuse sadulurmu ketriwal, kowe aja ethok-ethok ora weruh, nanging mesthi kudu kokulihake menyang panggonane sadulurmu.
Aja ninggal mitramu sarta mitrane bapakmu, lan ing dina karibedanmu aja marani ing omahe sadulurmu, becik nekani tangga kang cedhak katimbang sadulur kang adoh.
manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong keluwen sarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma, lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wenehi panganggon tuwin ora nyingkiri sadulurira dhewe!
Kang ilang bakal Sunpadosi, kang katriwal bakal Sunbekta bali, kang tatu bakal Sunblebed, kang lara bakal Sunkiyatake, apadene kang lemu lan kang rosa bakal Sunayomi. Bakal padha Sunengon samesthine.
Kang ringkih ora sira kuwatake, kang lara ora sira tambani, kang tatu ora sira blebed, kang kesasar ora sira gawa bali, kang ilang ora sira goleki, dene kang kuwat sira idak-idak kalawan sawenang-wenang.
Dene manawa rakyat ing nagara ethok-ethok ora weruh marang wong iku nalika ngulungake salah sijine anake marang Molokh, lan ora aweh paukuman pati marang wong iku,
“Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Anggonira nindakake pangadilan kang jejeg, sarta padha nandukna katresnan lan kawelasan marang wong siji lan sijine.
Sabab ing angger-anggere Nabi Musa ana tulisan mangkene: “Sira aja mbrongsong cangkeming sapi kang lagi kanggo nggiling.” Apa Gusti Allah iku nggumatosi sapi?
Dene manawa panggonane sadulurmu iku ora cedhak, utawa kowe ora sumurup sapa kang duwe, kewan iku nuli lebokna ing kandhangmu lan cikben ana ing kono, nganti digoleki dening sadulurmu, banjur kudu kokbalekake.