Sang Yehuwah wus nempuhake getihe para kulawargane Sang Prabu Saul marang kowe, kang kokgenteni kaprabone. Sang Yehuwah wis masrahake kalungguhanmu marang anakmu Absalom. Lan saiki kowe nandhang sangsara, amarga kowe wong kang ngwutahake getih.”
Dadi sira aja gawe camahing tanah kang sira enggoni, awitdene getih iku kang gawe camahing nagara, sarta ora bisa dianakake pirukun kanggo nagara marga saka getih kang kawutahake ana ing wewengkone, kajaba mung srana getihe wong kang wus ngwutahake.
Sakehe para tuwa-tuwane kutha kang cedhak dhewe karo panggonane pepati iku tumuli padha wisuha tangane ing sadhuwure sapi kang katugel cengele ana ing lebak mau,
Paduka mugi karsaa ngawontenaken pirukun kangge umat Paduka Israel, ingkang sampun Paduka tebus punika; dhuh Yehuwah, umat Paduka Israel mugi sampun ngantos Paduka dhawahi rahipun tiyang ingkang boten lepat. Margi saking rah punika lajeng sampun dipun wontenaken pirukun kangge tiyang-tiyang punika.