Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 21:5 - Kitab Sutji

5 Para imam bani Lewi banjur padha majua, awitdene iku kang padha dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya padha ngladeni Panjenengane lan andum berkah atas asmane Sang Yehuwah; sarta karampungane sadhengah para-padu lan sadhengah raja-tatu iku mituruta ing putusane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 21:5
12 Iomraidhean Croise  

Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun lan Nabi Musa; Rama Harun kapatah ngurus apa kang suci pinunjul, iya iku panjenengane dalah para turune, nganti ing salawas-lawase, yaiku ngobong kurban ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, lelados marang Panjenengane sarta andum berkah demi asmane, nganti ing salawas-lawase.


Ing saben prakara kang diajokake marang sira dening para sadulurira kang padha manggon ing kutha, yaiku prakara ngwutahake getih, utawa bab angger-angger dhedhawuhan, katetepan lan pranatan, wong-wong iku padha sira elingna, supaya aja nganti kaluputan marang Pangeran Yehuwah, satemah sira lan para sadulurira padha katempuh ing bebendune. Padha tumindaka mangkono, sira ora bakal padha kaluputan.


Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kamar-kamar ing sisih lor lan kidul kang mangku plataran tutupan, iku kamar-kamar suci, panggonane para imam kang sowan ing ngarsaning Sang Yehuwah padha mangan atur-atur kang suci linuwih. Ana ing kono iku anggone padha ndekek atur-atur kang suci linuwih, kurban dhaharan, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha, amarga papan iku suci.


Manawa ana prakara kudu tumindak dadi hakim sarta anggone ngakimi kudu manut ing pranatan-pranataningSun. Ing dina-dina gedhe kagunganingSun para imam kudu nindakake angger-anggeringSun lan katetepan-katetepaningSun sarta dina-dina Sabatingsun kudu disucekake.


Sawuse mangkono Rama Harun banjur ngayatake astane kaungkulake marang wong akeh lan mberkahi wong-wong iku. Sawuse nyaosake kurban pangruwating dosa, kurban obaran lan kurban slametan banjur tumedhak.


Marga lambene imam iku isi kawruh lan wong-wong padha golek piwulang saka ing cangkeme, awit imam iku utusane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Ing nalika samana Pangeran Yehuwah milih taler Lewi kadhawuhan ngusung pethining prasetyan, ngladosi Pangeran Yehuwah sarta andum berkah atas asmane, nganti tumeka ing dina iki.


Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus milih wong iku saka ing antarane sakehe talermu, supaya tansah ngladeni Sang Yehuwah lan nganakake pangibadah, iya dheweke lan para anake salawas-lawase.


wong loro kang para-padu iku kasebakna ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe para imam lan para hakim kang ana ing wektu iku.


Sapi iku banjur digawaa dening para tuwa-tuwa mau menyang sawijining lebak kang tansah ana banyune, kang durung tau digarap utawa disebari; sapi nom mau tumuli ditugela cengele ana ing kono, ana ing lebak kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan