Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 21:3 - Kitab Sutji

3 Kutha kang nyata cedhak dhewe karo panggonane pepati mau, para tuwa-tuwane kutha iku njupuka sapi wadon nom siji, kang durung tau dimagawekake, iya durung tau nggered kalawan dietrapi pasangan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 21:3
8 Iomraidhean Croise  

Ingsun wus miyarsa temenan panangise Efraim: Paduka sampun ngrangket kawula, saha kawula sampun nampeni pangrangket punika, kados pedhet ingkang boten linatih. Kawula mugi Paduka wangsulaken, supados kawula mratobat, amargi Paduka punika Sang Yehuwah, Gusti Allah kawula.


“Iki pranatan angger-angger kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, kalawan pangandikane: Sira ndhawuhana wong Israel, supaya padha ngladekna marang sira sapi wadon nom abang kang tanpa ciri ala, kang ora ana cacade lan kang durung tau dietrapi pasangan.


Ing nalika samana Pangeran Yehuwah milih taler Lewi kadhawuhan ngusung pethining prasetyan, ngladosi Pangeran Yehuwah sarta andum berkah atas asmane, nganti tumeka ing dina iki.


ing kono para tuwa-tuwamu lan para hakimmu padha metua sarta ngukur dohe panggonaning pepati mau tekan ing kutha-kutha saubenge.


Sapi iku banjur digawaa dening para tuwa-tuwa mau menyang sawijining lebak kang tansah ana banyune, kang durung tau digarap utawa disebari; sapi nom mau tumuli ditugela cengele ana ing kono, ana ing lebak kono.


Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib.


Milanipun sami kula aturi mundhut saha nyawisaken kareta enggal saha lembu sarakit ingkang saweg nesepi, ingkang dereng nate dipun etrapi pasangan, lembu wau lajeng sami karakitna ing kareta punika, dene pedhetipun kabektaa mantuk, supados boten tumut.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan