Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 21:23 - Kitab Sutji

23 jisime aja nganti nginep gumantung ing saka mau, nanging poma kakubura ing dina iku uga; awitdene wong kang kagantung iku kena ing laknate Gusti Allah; kowe aja nganti najisake tanah kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi duwekmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 21:23
18 Iomraidhean Croise  

Rispa, anake wadon Aya, banjur njupuk bagor, dijereng ana ing ngarepe ana ing dhuwur gunung parang, wiwit mangsa panen nganti tumeka tibane udan nelesi mayit-mayit iku. Ora oleh diparani manuk-manuk ing awang-awang ing wayah awan, utawa sato kewan ing alas ing wayah bengi.


mugi kaparingana dhateng kawula: turunipun pitu, badhe kawula gantung wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah wonten ing Gibeon, ing paredenipun Sang Yehuwah.” Tumuli pangandikane Sang Prabu: “Iya, ingsun bakal maringake wong iku.”


Bareng kongkonan iku seba ngunjuki uninga: “Sirahipun para raja-putra sampun sami kaladosaken.” Sang Prabu Yehu nuli dhawuh: “Kabeh iku dokoken dadi rong tumpuk ana ing sangarepe gapura nganti sesuk.”


Para turune Israel anggone ngubur wong-wong mau lawase pitung sasi, karepe kanggo ngresikake tanah kono.


Nagara iku wus dadi najis, sarta Ingsun wus malesake kaluputane iku marang bangsa-bangsa iku, satemah nagara iku nglepeh kang padha ngenggoni.


Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sakehe lelurahe bangsa iku padha sira tangkepana, nuli padha kagantunga ana ing ngarsaning Yehuwah blak-blakan, supaya bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad iku sumingkira saka ing Israel.”


Sarehne pinuju dina pacawisan lan supaya ing dina Sabat layon-layon aja kabanjur ana ing kayu salib – sabab dina Sabat iku dina Sabat kang pinunjul – mulane wong-wong Yahudi padha teka sarta duwe panyuwun marang Sang Pilatus supaya wong-wong kang ana ing kayu salib padha karemukana sikile, lan layone kaudhunna.


Awit aku iki iya saguh kena ing ipat-ipat, sarta kapegat saka Sang Kristus marga saka para sadulurku, golonganing bangsaku mungguhing daging.


Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!


Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”


Mulane besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus kelakon maringi tentrem marang kowe, uwal saka sakehe mungsuh ing saubengmu, ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu lan tanah-pusakamu, kowe banjur nyirnakna pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisore langit. Iku kowe aja nganti lali!”


Nanging Pangeran Yehuwah banjur duka marang aku marga saka kowe, lan supaos, yen aku ora bakal nyabrang ing bengawan Yarden lan ora lumebu ing tanah kang becik kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu.


Lan barang kang jember aja kokgawa lumebu ing omahmu, temah kowe uga bakal katumpes kaya iku; bab iku anggepen nistha lan najis, marga kabeh iku kudu kasirnakake.”


Mulane wong Israel ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhe, padha ngungkurake mungsuhe, amarga wus padha katetepake bakal katumpes, Ingsun ora bakal nunggil karo sira maneh, manawa sira padha ora nyirnakake barang sengkeran iku saka ing tengahira.


Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan