PANGANDHARING TORET 21:21 - Kitab Sutji21 Anak mau tumuli dibenturana watu dening sakehe wong isining kutha nganti mati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu; lan wong Israel kabeh bakal padha krungu lan padha dadi wedi.” Faic an caibideil |
Dene imam banjur nganakna pirukun kanggo wong Israel saumat kabeh, temah bakal padha kaparingan pangapura, marga prakara iku kelakone tanpa kajarag lan wus padha nyaosake pisungsung-pisungsunge minangka kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah, lan uga kurban pangruwating dosane ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, marga saka bab kang ora kajarag mau.
Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.