Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 21:18 - Kitab Sutji

18 “Manawa ana wong kang duwe anak lanang wangkal lan wangkot kang ora mbangun-turut marang pituture bapa lan biyunge, sanadyan wus dipethes, iya meksa ora ngrewes,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 21:18
31 Iomraidhean Croise  

Ingsun bakal dadi Ramane lan dheweke dadi putraningSun. Samangsa nglakoni kaluputan, bakal Sunukum klawan penjalin, kang dianggo ing wong, lan kalawan gebug kang ditamakake dening anak-anaking manungsa.


Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.


Sapa sing menthung bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.


Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.


He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu, lan aja ninggal piwulange ibumu;


Sapa kang ora migunakake gitik, iku sengit marang anake, mangka kang asih marang anake iku aweh pamerdi ing kalamangsane.


Wong bodho nampik pamerdine bapakne, nanging kang gelem nampani pameleh iku wicaksana.


Anakmu rangketen salawase isih ana pangarep-arep, nanging aja nganti ndadekake patine.


Sing sapa ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku damare bakal mati ing wektu peteng.


Kabodhoan iku tumempel ing atine wong anom, nanging gitiking pamerdi kang bakal ngilangake iku.


Sing sapa ngrampas darbeke bapa utawa biyunge, mangka duwe pangira, manawa iku dudu panerak, wong iku dhewe dadi mitrane juru pangrusak.


Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu, malah aweh kabungahan marang nyawamu.


Ana turun kang nyupatani bapakne, lan ora mberkahi marang biyunge.


Mripat kang nyampahi marang bapa, sarta emoh mituhu marang biyung, iku bakal dithothol dening manuk gagak ing pinggir kali lan kamangsa dening anake manuk garudha.


Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi, sabab Pangeran Yehuwah ngandika: “Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah nanging padha mbalela marang Ingsun.


Kowe kepengin digitiki maneh ing ngendi, kowe kang padha mbangetake pamurtadmu? Sirahe wus lara kabeh, lan atine wus lungkrah lesu kabeh.


Ingsun wus miyarsa temenan panangise Efraim: Paduka sampun ngrangket kawula, saha kawula sampun nampeni pangrangket punika, kados pedhet ingkang boten linatih. Kawula mugi Paduka wangsulaken, supados kawula mratobat, amargi Paduka punika Sang Yehuwah, Gusti Allah kawula.


Nanging bangsa iki atine tansah nglawan lan mbalela, wis padha nyimpang lan ngilang.


Dhuh Sang Yehuwah, punapa tingal Paduka boten tumuju dhateng ing kaleresan? Paduka sampun nggebagi tiyang-tiyang punika, ewadene boten ngraos sakit. Paduka sampun ngremuk tiyang-tiyang punika, ewadene sami boten sami purun nampeni pamerdi. Manahipun sami dipun atosaken nglangkungi sela, lan sami boten purun mratobat.


Ana ing sira bapa lan biyung padha dicecamah lan ana ing tengahira wong manca dikaniaya, ana ing sira bocah yatim lan randha padha katindhes.


Ing sarehne sira najisake awakira kalawan kanisthanira sarta Ingsun karsa ngresikake sira, nanging sira ora dadi resik, mulane sira ora bakal karesikan maneh, nganti Ingsun wus ngesokake dukaningSun marang sira.


Saben wong ing satengahira duwea pakering marang biyunge lan bapakne, sarta padha netepana dina sabatingSun; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


Dene manawa anake wadon salah sawijining imam nglirwakake kasucene kang dirusak kanthi patrap dadi wanita tuna-susila, iku nerak kasucene bapakne, poma wong iku kaobonga.


bocah iku diladekna dening bapa-biyunge marang para tuwa-tuwane kutha kono ana ing gapuraning papan panggonane,


Kenaa ing laknat wong kang ngremehake marang bapa biyunge. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!


Mulane kowe mangretia kang temenan, yen Sang Yehuwah, Gusti Allahmu anggone mulang marang kowe kaya pamulange wong tuwa marang anake.


Ujer wus Sundhawuhake yen Ingsun bakal ngukum kulawargane ing salawas-lawase, amarga saka dosa kang disumurupi, yaiku anggone anak-anake nyawiyah Gusti Allah nanging ora disrengeni.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan