Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 21:17 - Kitab Sutji

17 Anake somah kang ora ditresnani kang dadi pambarep iku diakonana lan kudu dipandumi warisan rong bagean saka saduweke kabeh, awitdene iku kang dadi wiwitaning kakuwatane, iya kang kebener nduweni wewenang pembarep.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 21:17
10 Iomraidhean Croise  

Ruben, kowe iku pembarepku, kekuatanku lan wiwitaning karosanku, kang pinunjul ing kaluhuran, kang pinunjul ing kabisan,


Anadene bareng wus padha nyabrang, Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.”


Kabeh padha tampa peparing akeh saka kang rama, arupa emas, selaka lan barang-barang kang pangaji, uga kutha-kutha beteng ing Yehuda. Mung bae kalenggahaning ratu kaparingake marang Pangeran Yoram, amarga iku putra pambajeng.


Pangeran numpes sakehe anak pembarep ing negarane, wohing kekuatane kang kawitan.


Anak kang wuragil matur marang bapakne: “Bapak, keparenga kula nyuwun saperanganing barang darbek kita ingkang dados hak kula. Bapakne iya banjur mbage-bage barang darbeke, diwenehake marang sakarone.


nalika wong mau andum warisan marang anak-anake, ora kena menehake wewenanging anak pambarep marang anake somah kang ditresnani, marga manawa mangkono iku bakal ngrugekake anake somah kang ora ditresnani awit iku kang pambarep.


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikane Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati, kang murwani titahing Allah:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan