Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 21:15 - Kitab Sutji

15 “Saupama ana wong kang duwe rabi loro, kang siji ditresnani, sijine ora ditresnani, mangka karo-karone padha nglairake anak lanang, yaiku wong wadon kang ditresnani lan kang ora ditresnani, mangka kang pambarep iku patutan karo kang ora ditresnani,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 21:15
8 Iomraidhean Croise  

Dadi kang ditresnani Yakub iku Rakhel, mulane ature: “Kula purun ngenger panjenengan pitung taun dangunipun, supados angsal Rakhel putra panjenengan ingkang nem.”


Yakub anggone ngengeri Rakhel iku lawase pitung taun. Nanging samono mau dirasa kaya-kaya mung sawatara dina bae, marga saka tresnane marang Rakhel.


Banjur ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Pangeran Yehuwah mirsa yen aku ora ditresnani, mulane aku diparingi anak maneh.” Bocahe dijenengake: Simeon.


Pangeran Abia, putrane Sang Putri Maakha, kawisuda dening Sang Prabu Rehabeam dadi panggedhe, yaiku kang nglurahi para sadhereke, amarga karsane bakal kajumenengake ratu.


nalika wong mau andum warisan marang anak-anake, ora kena menehake wewenanging anak pambarep marang anake somah kang ditresnani, marga manawa mangkono iku bakal ngrugekake anake somah kang ora ditresnani awit iku kang pambarep.


Elkana iku bojone loro: kang siji jenenge Hana, sijine Penina. Penina iku anak-anak, nanging Hana ora.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan