Nanging Sang Sikhem banget kayungyune marang Dina, anake Yakub; sarta kasmaran banget marang bocah wadon mau, mulane tansah dibujuk sarana tembung manis.
Sang Prabu Hemor banjur rerembagan karo Yakub lan anak-anake: “Anak kula Sikhem punika sanget anggenipun kasmaran dhateng ingkang putra, mugi panjenengan paringaken supados dados semahipun,
“Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, sarta iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang ing tanganmu, lan kokdadekake tawanan,