1 “Saupama ing tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu, ana wong mati marga dipateni ana ing ara-ara, tanpa kaweruhan sapa kang mateni,
Awit sanyata, Pangeran Yehuwah bakal miyos saka ing padalemane arep ndhawahake paukuman marang para kang manggon ing bumi marga saka kaluputane, sarta bumi ora bakal ndhelikake maneh getih kang kawutahake ing kono, ora nutupi maneh wong-wong kang padha mati pinatenan ana ing kono.
Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagara, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”
supaya aja ana getihe wong kang resik kawutahake ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi darbekmu, temah kowe dadi kapotongan getih.
Mung wit-witan kang wohe ora kena dipangan iku kena kokrusak lan koktegori, kanggo gawe pager pangepunganing kutha kang nglawan marang kowe, nganti kutha iku bedhah.”
Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;