Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 20:7 - Kitab Sutji

7 Lan panunggalanmu kang wus pacangan karo wong wadon, mangka durung nganti kaningkah, iku kena mundur mulih menyang ing omahe, bokmanawa mati ana ing paprangan, aja nganti wong liya kang ningkah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 20:7
7 Iomraidhean Croise  

Anadene miyose Gusti Yesus Kristus iku sejarahe mangkene: Nalika Maryam kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurunge tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg marga saka Sang Roh Suci.


Lan sapa panunggalanmu kang mentas gawe pakebonan anggur, mangka durung nganti mangan wohe, iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti wohe dipangan wong liya.


Manawa ana wong kang mentas bae rabi, iku aja bareng karo wadya-bala melu nglurug perang, lan iya aja diwenehi sadhengaha pagawean, sajrone setaun dibebasna kanggo kaperluaning omahe, supaya ndadekna senenge kang wadon kang wus dadi bojone.”


Kowe bakal pepacangan karo wong wadon, nanging wong liya kang bakal ngewori turu. Kowe bakal gawe omah, nanging ora bakal kokenggoni. Kowe bakal gawe pakebonan anggur, nanging ora bakal ngrasakake wohe.


Prajurit kang lagi perang iku ora mraduli marang prakara-prakara kang gegayutan karo panguripane, supaya marga saka mangkono iku ndadekake senenge komandhane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan