Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 20:6 - Kitab Sutji

6 Lan sapa panunggalanmu kang mentas gawe pakebonan anggur, mangka durung nganti mangan wohe, iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti wohe dipangan wong liya.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 20:6
8 Iomraidhean Croise  

Ora bakal padha ngedegke apa-apa, kang banjur dienggoni ing wong liya, lan ora bakal padha nenandur, kang wohe banjur dipangan wong liya; amarga umure umatingSun iku bakal padha karo umuring wit-witan, tuwin para pepilihaningSun bakal padha ngrasakake nikmating gegaweane tangane.


Sira bakal gawe kebon anggur maneh ana ing pagunungan Samaria; dene para wong kang padha gawe iku bakal ngundhuh pametune uga.


Mulane sabarang darbeke dadi rayahan lan omahe bakal padha dadi sepi mamring. Manawa padha gawe omah, ora bakal ngenggoni, sarta manawa gawe pakebonan anggur, ora bakal ngombe anggure.”


Sapa ta kang wus tau melu maju perang kanthi wragad dhewe? Sapa ta kang nanduri kebon anggur lan ora mangan wohe? Utawa sapa ta kang angon pepanthan wedhus lan ora ngombe puhane?


Para panggedhe tumuli mituturana marang wadya-balane mangkene: supaya panunggalanmu kang mentas ngadegake omah anyar, nanging durung nganti ngenggoni, iku mundura, muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti omahe mau dienggoni wong liya.


Lan panunggalanmu kang wus pacangan karo wong wadon, mangka durung nganti kaningkah, iku kena mundur mulih menyang ing omahe, bokmanawa mati ana ing paprangan, aja nganti wong liya kang ningkah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan