Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 20:5 - Kitab Sutji

5 Para panggedhe tumuli mituturana marang wadya-balane mangkene: supaya panunggalanmu kang mentas ngadegake omah anyar, nanging durung nganti ngenggoni, iku mundura, muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti omahe mau dienggoni wong liya.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 20:5
8 Iomraidhean Croise  

Nalika balowartine kutha Yerusalem kasucekake, para wong Lewi padha ditimbali saka ing sakehe papan panggonane, kadhawuhan nglumpuk ana ing Yerusalem, supaya padha nucekake balowarti mau kalawan gambira, kambi ngucap sukur lan ngrepekake kidung, binarung swaraning kecer, slukat lan clempung.


Masmur. Kidung kanggo nucekake Padaleman Suci. Anggitane Prabu Dawud.


Nabi Musa tumuli duka banget marang para panggedhening wadyabala, para panewu lan panatus kang padha mulih saka ing paprangan;


Para panggedhening wadya-bala, yaiku para panewu lan para panatus, banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa,


Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.


“Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.


Lan sapa panunggalanmu kang mentas gawe pakebonan anggur, mangka durung nganti mangan wohe, iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti wohe dipangan wong liya.


Lan keju kang sepuluh iki caosna marang panggedhene wadya-bala sewu. Takokna kaslametane kakang-kakangmu lan ulihmu nggawaa pratandha saka kana.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan