Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 20:3 - Kitab Sutji

3 iku dikandhanana mangkene: He wong Israel, padha ngrungokna, kowe saiki arep perang nglawan mungsuhmu, atimu aja lembek, aja wedi, iya aja miris lan aja gumeter,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 20:3
31 Iomraidhean Croise  

Kang ngrewangi dheweke iku tangan manungsa, nanging kang ngrencangi kita iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kang mbiyantu kita lan kang nyarirani perang kita.” Marga saka pangandikane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda kang mangkono iku rakyat nuli tetep maneh atine.


Gusti Allah wus damel aku semplah Kang Mahakuwasa wus damel atiku gemeter,


Aku leyeh-leyeh banjur turu; aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah.


Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangeran Yehuwah, kang bakal diparingake marang kowe ing dina iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng maneh ing salawas-lawase.


mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah Ingsun mrenahake ana ing Sion sawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales, watu pepojok kang larang, tetales kang santosa: sing sapa pracaya, ora bakal goreh!


lan matura mangkene: Panggalih dalem ingkang teteg tuwin ingkang tetep ayem, sampun ajrih, sarta panggalih dalem sampun ngantos gumeter awit saking tegesan kajeng bong kalih ingkang kumelun punika, punika mulad-mulading nepsunipun Rezin tuwin Aram saha anakipun Remalya.


Mung bae aja padha mbalela marang Sang Yehuwah, lan aja wedi marang bangsa ing nagara kono, marga mesthi bakal kita ganyang nganti entek. Wong-wong mau wus koncadan kang dadi pangayomane, mangka Pangeran Yehuwah nunggil kalawan kita, mulane wong-wong iku aja padha kokwedeni.”


“Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.


Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengane, kang bisa ngrusak karo-karone ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.


Mulane aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk glathik pirang-pirang.


Pangandikane Gusti: “Yagene kowe padha wedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?” Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli sirep.


Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombe racun kang mateni, ora bakal ndadekake cilakane. Wong lara kang ditumpangi tangane bakal waras.”


Nanging priya nom-noman iku banjur ngandika marang para wong wadon mau: “Aja padha wedi! Kowe padha nggoleki Gusti Yesus saka ing Nasaret, kang wis kasalib, Panjenengane wis wungu. Ora ana ing kene. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarekake Panjenengane.


sarta ngandika: “Aja wedi, Paulus! Kowe kudu sowan marang ing ngarsane Sang Nata Agung lan sanyatane marga sih-rahmating Allah, kabeh wong kang bebarengan karo kowe ana ing prau iki bakal padha slamet, marga saka kowe.


Wruhanamu, Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngulungake nagara iku marang kowe; padha lurugana lan ejegana, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu. Aja padha wedi lan aja giris.


“Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, mangka kowe weruh ana jaran lan kreta, yaiku wadya-bala kang kehe ngungkuli kowe, kowe aja wedi, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku nunggil karo kowe.


Anadene samangsa kowe arep padha mangsah perang, salah sijine imam banjur majua mituturana marang wadya-bala,


Eling-elingen, aja nganti ana wong kang males ala marang wong kang gawe piala, nanging tansah padha ngudia marang kabecikan, iya tumrap para sadulur, iya tumrap wong kabeh.


Nglakonana tarunging pracaya kang utama, nggayuha urip langgeng, kang dadi underane anggonmu katimbalan sarta anggonmu nglairake sahadat kang bener ana ing ngarepe seksi akeh.


Marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap: “Gusti Allah kang mitulungi aku. Aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?”


Wong siji bae panunggalanmu bakal bisa mburu wong sewu, awit dene Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang nyarirani perangmu, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.


Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.


Dawud matur marang Sang Prabu Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan