Lah aku padha katuntun dening Gusti Allah, dene para imame padha siyaga arep ngunekake tengara panempuhing perang nglawan kowe kabeh kanthi kalasangka. He wong Israel, kowe aja padha perang nglawan marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu kabeh, awit kowe ora bakal padha oleh gawe!”
Iku tumuli didhawuhi dening Nabi Musa nglurug perang, saben taler wong sewu, sarta dikantheni Pinehas putrane Imam Eleazar, kang nggawa piranti pasucen lan kalasangka kanggo tengara.
“Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, mangka kowe weruh ana jaran lan kreta, yaiku wadya-bala kang kehe ngungkuli kowe, kowe aja wedi, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku nunggil karo kowe.
iku dikandhanana mangkene: He wong Israel, padha ngrungokna, kowe saiki arep perang nglawan mungsuhmu, atimu aja lembek, aja wedi, iya aja miris lan aja gumeter,
Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Imam Ahia: “Klambine efod gawanen mrene!” Amarga ing wektu samana Imam Ahia kang nganggo efod ana ing antarane bangsa Israel.
Dawud matur marang Sang Prabu Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.”