Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 20:19 - Kitab Sutji

19 Saupama anggonmu merangi sawijining kutha nganti suwe anggonmu ngepung arep kokrebut, wit-witan ing saubenge kutha aja kokrusak srana koktamani wadung; wohe kena kokpangan, nanging wite aja koktegori; wit-witan ing ara-ara iku rak dudu manungsa, dadi ora patut melu kokkepung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 20:19
11 Iomraidhean Croise  

Panjenengan dalem sami badhe nyirnakaken sakathahing kitha ingkang santosa lan sakathahing kitha pilihan; panjenengan dalem sami badhe negori sadaya wit-witan ingkang sae; panjenengan dalem sami badhe nyumpeti sakathahing sumber sarta sami badhe ngrisak sakathahing pategilan kaliyan sela.”


Kutha-kutha padha digempuri sarta saben pategalan kang becik diurugi watu, amarga saben wong nguncalake watu mrono. Sakehing sumber padha disumpeti lan sakehing wit-witan kang becik padha ditegori, nganti mung kutha Kir-Hareset kang dikarekake, nanging kutha iki banjur kakepung lan dikrutugi ing watu dening para pambandhil.


Amarga pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi mangkene: “Wit-witane padha tegorana lan urugana lemah, dadia tanggul kanggo nglawan Yerusalem! Jer iku kutha kang kudu diukum! Mung panganiaya kang tinemu ana ing kono!


Bareng mirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, tumuli dipurugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur dipangandikani: “Aja metu wohmu maneh ing salawas-lawase!” Padha sanalika wit anjir mau dadi garing.


Karodene wadung wus cumawis ing poking wit-witan; saben wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungake ing geni.


supaya kowe aja nganti padha diwuruki niru marang sakehe jejember kang padha dilakoni kanggo allahe, temah kowe padha dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Mung wit-witan kang wohe ora kena dipangan iku kena kokrusak lan koktegori, kanggo gawe pager pangepunganing kutha kang nglawan marang kowe, nganti kutha iku bedhah.”


Nalika tiyang Mesir nganiaya lan nindhes dhateng kawula sadaya, kawula dipun etrapi padamelan ingkang awrat,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan