PANGANDHARING TORET 20:18 - Kitab Sutji18 supaya kowe aja nganti padha diwuruki niru marang sakehe jejember kang padha dilakoni kanggo allahe, temah kowe padha dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Faic an caibideil |
Ora marga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu anggonmu lumebu ngejegi nagarane, nanging marga saka pamblasare para bangsa iku, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone nundhungi metu saka ing ngarepmu, sarta maneh supaya netepana prajanjine kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub.
titenana temenan, yen Sang Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ora nundhungi para bangsa iku maneh saka ing ngarepmu, malah iku bakal padha dadi kala lan jiret tumrap ing kowe, tuwin dadi pecut tumrap ing lambungmu, apadene dadi klilip ana ing mripatmu, nganti kowe padha tumpes sirna saka ing tanah kang becik peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe iki.