Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 20:16 - Kitab Sutji

16 Nanging kutha-kuthane bangsa-bangsa kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, iku sakehe kang mawa ambekan aja ana kang kokuripi,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 20:16
25 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Og mau tumuli disorake dalah putrane lan rakyate kabeh, nganti ora ana wonge siji bae kang bisa oncat, nagarane banjur diejegi.


Kang iku sakehe anake lanang wong-wong iku padha patenana, lan sakehe wong wadon kang wus tau awor turu karo wong lanang iya padha patenana;


wong kang manggon ing kono nuli padha sira tundhungana kabeh saka ing ngarepira, lan sakehe watu ukir-ukirane padha sira sirnakna, karodene sakehe reca cithakan iya padha sira gempurana, dalah sakehe tengger pepundhene padha sira bubrahana.


Kaya mangkono kang kudu koktandukake marang sakehe kutha kang adoh banget prenahe saka ing panggonanmu, kang dudu panunggalane kutha-kuthane bangsa-bangsa ing kene iki.


nanging tumpesen babar pisan, yaiku wong Het, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe,


ing kono bojone kang dhisik kang wus megat iku ora kena balen karo wong wadon iku, sawuse wong wadon iku kelakon dirusuhi; awitdene patrap mangkono iku dadi jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu iku aja kokdadekake nandhang dosa.


Sang Yehuwah bakal ngulungake para bangsa mau marang ing tanganmu, sawuse nuli padha etrapana miturut kaya kang wus dakprentahake marang kowe.


Nanging Pangeran Yehuwah banjur duka marang aku marga saka kowe, lan supaos, yen aku ora bakal nyabrang ing bengawan Yarden lan ora lumebu ing tanah kang becik kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu.


Sakehe bangsa kang bakal diulungake dening Pangeran Yehuwah marang kowe iku kudu padha koktumpes; aja nganti kokeman, lan aja ngabekti marang allahe, awit iku masthi dadi kalajiret tumrap kowe.


Bareng Senapati Yusak lan wong Israel wus rampung anggone padha ngalahake mungsuhe nganti banget anggone kasoran yaiku nganti lebur babar pisan, – mung sawatara kang bisa oncat lan padha bisa lumebu ing kutha-kutha kang disantosani –


Ing dina iku Senapati Yusak mbedhah kutha Makeda lan digecak klawan landheping pedhang, uga ratune; kuthane dalah wong saisine kutha padha ditumpes, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat lan ratu ing Makeda iku dipatrapi padha kaya kang wus katandukake marang ratu ing kutha Yerikho.


Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.


Dene sakehe jarahane kutha iku lan raja-kayane dijarah wong Israel, nanging wonge padha dipateni kabeh klawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis. Kang ambekan ora ana kang diuripi.


Nanging kuthane dalah saisine kabeh tumuli diobong ing geni, mung kang arupa selaka lan mas tuwin piranti tembaga lan wesi iku padha dilebokake ing pasimpenaning rajabrana ing padalemane Pangeran Yehuwah.


Cacahe wong kang padha kapatenan ing dina iku, lanang wadon ana rolas ewu, kabeh wong ing kutha Ai.


Dene sawise kuthane kokrayut, banjur obongen; kabeh iku padha tindakna ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah; gatekna, iku prentahku marang kowe.”


Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.


Lan ing dina iku uga wong-wong mau padha ditetepake dening Senapati Yusak dadi tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang umat lan marang misbyahe Pangeran Yehuwah nganti tumeka saprene, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Panjenengane.


Nanging wong Israel tumuli padha celathu marang wong Hewi mau: “Bokmanawi panjenengan punika sami manggen wonten ing tengah-tengah kula ngriki, kadospundi anggen kula saged damel prajanjian kaliyan panjenengan?”


Mulane saiki mangkata, wong Amalek iku telukna, apa kang tinemu ana ing wong-wong iku sirnakna sarta aja ana kang sira welasi. Wonge lanang, wonge wadon, bocah-bocahe lan pasusone, sapine lan wedhuse, untane lan kuldine, kabeh padha patenana.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan