PANGANDHARING TORET 20:15 - Kitab Sutji15 Kaya mangkono kang kudu koktandukake marang sakehe kutha kang adoh banget prenahe saka ing panggonanmu, kang dudu panunggalane kutha-kuthane bangsa-bangsa ing kene iki. Faic an caibideil |
Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.