Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 20:14 - Kitab Sutji

14 mung kang wadon lan bocah-bocah; kewane sarta sabarang kang ana ing kutha iku, yaiku jarahane kabeh, iku kena kokepek dhewe, lan jarahan saka mungsuhmu kang wus diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kena kokpigunakake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 20:14
15 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Yosafat sawadya-balane nuli mandhap lan njarah-rayah barang-barange. Padha oleh raja-kaya, raja-brana, sandhangan lan barang-barang kang pengaji. Kang kajarah iku kehe ngluwihi kang bisa digawa. Telung dina suwene anggone padha njarah-rayah barang-barang mau, marga saka akehe.


Pangeran paring pangandika; wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe.


Sakehe rayahan lan bandhangan rupa manungsa lan kewan mau padha digawani.


Sakehe wong bandhangan, barang rampasan lan barang jarahan iku kabeh padha diaturake marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar tuwin marang umat Israel ana ing pakemahan ing tanah ngare Moab, kang kaprenah ana ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho.


pangandikane Nabi Musa marang wong-wong iku: “Apa wonge wadon padha kokuripi kabeh?


mung sakehe bocah wadon kang durung tau awor turu karo wong lanang iku padha uripana kanggo kowe.


Wong Israel banjur padha mbandhangi wong wadon bangsa Midian dalah anak-anake kang isih cilik, sarta kewane lan raja-kayane apadene raja darbeke padha dirayah;


Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.


mung raja-kayane bae kita jupuk kanggo kita, kaya dene jarahan saka ing kutha-kutha kang wus padha kita rebut mau.


Kaya mangkono kang kudu koktandukake marang sakehe kutha kang adoh banget prenahe saka ing panggonanmu, kang dudu panunggalane kutha-kuthane bangsa-bangsa ing kene iki.


Dene sakehe jarahane kutha iku lan raja-kayane dijarah wong Israel, nanging wonge padha dipateni kabeh klawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis. Kang ambekan ora ana kang diuripi.


sarta dipangandikani mangkene: “Padha muliha menyang ing kemahmu klawan nggawa kasugihan akeh lan raja-kaya akeh banget, apadene selaka, mas, tembaga lan wesi, tuwin sandhangan kang luwih dening akeh. Barang rayahan saka mungsuhmu iku edum-edumen karo para sadulurmu.”


Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan