13 lan sawuse Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, masrahake kutha iku marang tanganmu, banjur sakehe wong isine kang lanang padha patenana kalawan landheping pedhang;
Masmur anggitane Prabu Dawud. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”
Nanging kabeh satruningsun iki, kang padha ora seneng manawa ingsun jumeneng dadi ratune, iku padha sira ladekna mrene, padha patenana ana ing ngarsaningsun.”