Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 20:11 - Kitab Sutji

11 Samangsa kutha iku gelem nampani pangajakmu bedhamen lan kowe diwengani gapura, sakehe wong isine padha dadekna wong nyangga karya kanggo kaperluanmu, lan sabanjure padha ngawulaa marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 20:11
16 Iomraidhean Croise  

Kacarita Sang Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, utusan para punggawane sowan menyang ing ngarsane Sang Prabu Suleman, amarga midhanget, manawa Sang Prabu Suleman wus jinebadan dadi ratu nggentosi kang rama, sabab Sang Prabu Hiram iku tansah memitran kalawan Sang Prabu Dawud.


Nanging atur wangsulane: “Sampun! Punapa panjenengan dalem adatipun inggih mejahi ingkang panjenengan dalem tawan kaliyan pedhang saha kaliyan jemparing dalem? Sami panjenengan dalem paringi nedha tuwin ngombe, supados sami nedha lan ngombe, saha lajeng kajengipun sami wangsul dhateng ing gustinipun.”


Aku iki dhemen rukun, nanging saben ana pangucapku, wong ing kono banjur padha ngajak perang.


Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.


Samangsa kowe nyedhaki salah sawijining kutha arep koktempuh, ing sakawit kowe ngajaka bedhamen.


Nanging manawa kutha iku ora gelem bedhamen karo kowe, malah kowe dilawan perang, kuthane nuli kepungen;


Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.


Lan ing dina iku uga wong-wong mau padha ditetepake dening Senapati Yusak dadi tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang umat lan marang misbyahe Pangeran Yehuwah nganti tumeka saprene, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Panjenengane.


Wonge padha matur marang Senapati Yusak: “Kula sami dadosa abdi-abdi panjenengan.” Tumuli padha didangu: “Panjenengan punika sinten saha rawuh panjenengan saking pundi?”


Atur wangsulane: “Para abdi panjenengan punika dhateng saking tanah ingkang tebih sanget, awit saking asmanipun Yehuwah, Gusti Allah panjenengan; amargi kula sampun sami mireng wartosipun, inggih samukawis ingkang sampun dipun tindakaken wonten ing tanah Mesir,


Bareng wong Israel wiwit kuwasa, wong Kanaan mau padha didadekake wong nyangga karya, nanging ora padha ditundhungi babar pisan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan