Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 20:10 - Kitab Sutji

10 Samangsa kowe nyedhaki salah sawijining kutha arep koktempuh, ing sakawit kowe ngajaka bedhamen.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 20:10
13 Iomraidhean Croise  

Ingsun bakal karya pepujian. Tentrem, tentrem rahayu marang wong kang adoh lan kang cedhak – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – sarta kang bakal Sunwarasake!


Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.


Pangandika ingkang supados kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israel, inggih punika pangandika ingkang martosaken bab tentrem-rahayu dening Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun sadaya tiyang.


Lan kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah, kang lumantar Sang Kristus wus ngrukunake kita kalawan Panjenengane lan kang wus masrahake ayahan karukunan iku marang aku kabeh.


Panjenengane rawuh lan martakake tentrem-rahayu marang kowe kabeh kang “adoh” lan marang wong-wong kang “cedhak”,


“Aku tumuli nglakokake kongkonan saka ing pasamunan Kedemot menyang ing ngarsane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, kalawan tetembungan kang murih bedhami, surasane:


Samangsa kutha iku gelem nampani pangajakmu bedhamen lan kowe diwengani gapura, sakehe wong isine padha dadekna wong nyangga karya kanggo kaperluanmu, lan sabanjure padha ngawulaa marang kowe.


Sawuse para panggedhene prajurit rampung anggone mituturi marang wadya-balane, banjur miliha tetindhihing wadya-bala kang padha ngirid lakune para prajurit.


Sang Yefta banjur nglampahake utusan marang ratune bani Amon, kadhawuhan matur: “Wonten prakawis punapa ing antawisipun panjenengan dalem kaliyan kawula, dene panjenengan dalem kok ngrawuhi kawula merangi bangsa kawula?”


Sawuse mangkono wong saumat kabeh tumuli kongkonan ngandhani bani Benyamin kang ana ing gunung parang Rimon, sarta padha diajak bedhami.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan