PANGANDHARING TORET 20:1 - Kitab Sutji1 “Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, mangka kowe weruh ana jaran lan kreta, yaiku wadya-bala kang kehe ngungkuli kowe, kowe aja wedi, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku nunggil karo kowe. Faic an caibideil |
Sang Prabu Asa nuli nyebut marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, kajawi Paduka boten wonten sanesipun malih ingkang saged mitulungi ingkang ringkih nglawan ingkang kiyat. Paduka mugi karsaa mitulungi kawula sadaya, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, amargi kawula sami sumendhe dhumateng Paduka sarta anggen kawula sami majeng nglawan wadya-bala ingkang ageng punika mawi asma Paduka. Dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah kawula sadaya. Paduka sampun ngantos marengaken manungsa gadhah kakiyatan kangge nglawan Paduka!”
Dhuh Allah kawula, punapa Paduka boten badhe paring paukuman dhateng tiyang-tiyang punika? Awit kawula sami boten gadhah kakiyatan kangge nanggulangi wadya-bala ingkang ageng, ingkang badhe nempuh kawula sadaya punika. Kawula sami boten sumerep, punapa ingkang kedah sami kawula lampahi, nanging mripat kawula tumenga dhumateng Paduka.”
lan nguwuh-uwuh: “Sami mirengna, dhuh para sadherek ing Yehuda sadaya tuwin para ingkang manggen ing Yerusalem saha Gusti kawula Sang Prabu Yosafat; makaten pangandikaning Yehuwah dhumateng panjenengan sadaya: Sira aja padha wedi lan aja padha giris marang bala kang gedhe iki, amarga dudu sira, nanging Gusti Allah kang bakal perang.
Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahi kowe ing sabarang gegaweaning tanganmu. Panjenengane wus ngayomi panglembaramu ana ing pasamunan kang jembar ngilak-ilak iku. Salawase patang puluh taun iki Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tansah nunggil karo kowe, temah kowe ora nganti padha kekurangan apa-apa.
“Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,
Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.