PANGANDHARING TORET 2:9 - Kitab Sutji9 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku: Sira aja nglawan marang Moab lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka ing nagarane kang banjur dadi darbekira, marga tanah Ar iku wus Sunparingake marang bani Lut dadi darbeke. Faic an caibideil |
Kang iku wong Moab banjur padha calathu karo tuwa-tuwane bangsa Midian: “Wadya-bala ingkang kathahipun samanten punika temtu badhe ngrayud samukawis ing saubeng kula sadaya, kadosdene lembu anggenipun nyenggut tetuwuhan ijem ing ara-ara.” Anadene ing nalika iku Sang Prabu Balak putrane Sang Zipor jumeneng ratu ing Moab.
inggih kados anggen kawula dipun lilani dening bani Esap ingkang manggen wonten ing pareden Seir lan dening bangsa Moab ingkang manggen wonten ing Ar, ngantos kawula sami nyabrang ing lepen Yarden, lumebet dhateng ing nagari ingkang dipun paringaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula dhateng kawula.
kala samanten tiyang Israel lajeng sami nglampahaken utusan dhateng ratunipun nagari Edom klayan panyuwunan mugi kelilana medal tanah wewengkon dalem, nanging ratu ing nagari Edom boten karsa mirengaken; ugi nglampahaken utusan dhateng ratu ing nagari Moab, dene ratu punika ugi boten marengaken, temahan tiyang Israel lajeng kendel wonten ing Kadesy.
Sasampunipun tumunten lumampah wonten ing ara-ara samun, ngubengi tanahipun tiyang Edom kaliyan tiyang Moab wau, ngantos dumugi ing sawetanipun tanah Moab, lajeng sami makuwon wonten ing sabrangipun lepen Arnon, boten ngantos sami ngancik ing tlatah Moab, awit lepen Arnon punika ingkang dados tapel-watesipun tanah Moab.