Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 2:7 - Kitab Sutji

7 Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahi kowe ing sabarang gegaweaning tanganmu. Panjenengane wus ngayomi panglembaramu ana ing pasamunan kang jembar ngilak-ilak iku. Salawase patang puluh taun iki Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tansah nunggil karo kowe, temah kowe ora nganti padha kekurangan apa-apa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 2:7
31 Iomraidhean Croise  

Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.


Wondene Sang Yehuwah sampun mberkahi bendara kula ngantos kelangkung-langkung, ngantos dados tiyang sugih. Dene dipun paringi Sang Yehuwah menda saha lembu, salaka tuwin mas, abdi jaler lan estri punapa malih unta saha kuldi.


Anadene Rama Iskak nuli nyebar wiji ana ing tanah kono, oleh-olehane ing taun iku uga nganti tikel satus, marga diberkahi dening Sang Yehuwah,


Nanging Pak Laban mangsuli marang Yakub: “Bok kowe gawe leganing atiku; aku wus niteni yen Pangeran Yehuwah mberkahi aku marga saka kowe.”


Bareng bendarane ngreti yen Pangeran Yehuwah nunggil karo Yusuf, sarta sabarang kang digarap tumindak becik,


Mangka wiwit nalika maringi pangwasa marang Yusuf mengku dalem lan sakabehe barang kagungane mau, Sang Yehuwah mberkahi daleme wong Mesir iku, sabab saka Yusuf, satemah berkahe Sang Yehuwah iku nyrambahi ing sabarang kagungane kabeh, dadia kang ana ing dalem, dadia kang ana ing pategalan.


Kawandasa taun laminipun anggen Paduka maringi panggesangan wonten ing ara-ara samun. Sami boten nate kekirangan, sandhanganipun boten luwas, sarta sukunipun boten sami abuh.


Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku; manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.


amarga Sang Yehuwah mirsa lakune wong mursid, nanging lakune wong duraka iku ngener marang karusakan.


Ana wong kang padha nglambrang ana ing ara-ara samun, ora nemu dalan kang anjog marang ing kutha kang dienggoni ing wong.


Paduka sengit dhateng tiyang ingkang memuja dhateng brahala ingkang tanpa gina, nanging kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah.


Kamirahaning Pangeran Allah kawula, mugi ngayomana kawula, saha Paduka mugi karsaa nyantosakaken pandameling tangan kawula sadaya, inggih pandameling tangan kawula sadaya punika mugi kasantosakna.


Wong Israel anggone mangan manna lawase patang puluh taun, nganti tumeka ing tanah kang didunungi ing wong; padha mangan manna tekan tapelwatese tanah Kanaan.


“Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira, marang katresnanira nalika sira dadi temanten, anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun, ing tanah kang ora ana tetuwuhane.


Ingsun kang wanuh sira ana ing pasamunan, tanah kang banget panase.


Mangka Ingsun kang ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan lakunira Sunkanthi ana ing pasamunan lawase patang puluh taun, supaya sira bisa ngejegi nagarane wong Amori.


Nalika taun kang kapindho ing sasi kapindho ing tanggal sapisan sawuse padha metu saka ing tanah Mesir, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan ing gunung Sinai ing sajrone Tarub Pasewakan:


dene anak-anakira bakal padha nglambrang kayadene pangon ana ing pasamunan kene lawase patang puluh taun, bakal padha nanggung kamursalanira, nganti sira wus padha mati tumpes-tapis ana ing pasamunan kene.


Anggonira bakal padha nyangga kaluputanira iku lawase nganti patang puluh taun, miturut cacahing dina enggonira padha nelik marang tanah iku, patang puluh dina; sadina dietung setaun, supaya sira padha ngerti rasane, manawa sira Sunsingkur.


Dhawuhe Gusti Allah marang Bileam: “Sira aja melu wong-wong iku; bangsa iku aja sira ipat-ipati, marga wus kanggonan berkah.”


Kaya mangkono iku njalari mulad-mulading bebendune Pangeran Yehuwah marang Israel, sarta padha digawe nglambrang ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, nganti saenteke wong-wong kang padha nglakoni ala ana ing paningale Sang Yehuwah.


Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Nalika kowe padha dakutus kae, ora nggawa rajut, kanthong utawa trumpah, apa kowe tau padha kekurangan apa-apa?”


Wedhus-wedhusKu padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku,


“Sawuse mangkono kita banjur padha budhal saka ing gunung Horeb, lan padha ngliwati sawratane pasamunan kang jembar lan nggegirisi kang wus padha kokdeleng iku, njujug ing pagunungane bangsa Amori, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allah kita marang kita; banjur padha tekan ing Kadesy-Barnea.


Dadine kowe banjur padha kepeksa manggon ana ing Kadesy nganti kapara lawas, yaiku sapira lawase anggonmu manggon ana ing kono.”


Anadene lawase anggon kita padha nglembara saka ing Kadesy-Barnea nganti tekan ing sabrange kali Zered mau, telung puluh wolu taun, nganti sagolonganing para prajurit iku wus padha sirna kabeh saka ing pakemahan, kaya anggone wus padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos;


Bab pangan sira padha tukua saka kono srana dhuwit, supaya sira padha mangan; lan sira iya tukua banyu saka ing kono srana dhuwit, supaya sira padha ngombe.


nanging tekan ing dina iki kowe padha ora diparingi akal-budi kang kanggo mangreti utawa mripat kanggo ndeleng, apadene kuping kanggo ngrungkokake dening Sang Yehuwah.


Sira wus Sunirid lakunira ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, sandhanganira ora dadi lungsed, lan trumpahira ora dadi jebol ana ing sikilira;


Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan