Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 2:4 - Kitab Sutji

4 sarta para umat dhawuhana mangkene: Sadhela engkas sira padha lumaku ngliwati tlatahe sadulurira, bani Esap, kang padha manggon ing pagunungan Seir, iku bakal padha wedi marang sira, nanging sira padha dingati-ati kang banget;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 2:4
15 Iomraidhean Croise  

Sang Yehuwah banjur mangandikani: “Bangsa loro kang ana ing kandhutanira, suku bangsa loro bakal padha pepisahan wiwit saka ing guwa-garbane; kang siji bakal luwih kuwat tinimbang sijine lan kang tuwa bakal ngawula marang kang nom.”


Dadine Esap banjur manggon ing pagunungan Seir; Esap yaiku Edom.


Ing wekdal punika para pangageng ing Edom sami geger, para pangwaos ing Moab sami kataman ing giris; tiyang isinipun tanah Kanaan sami gumeter.


Sami kataman miris lan ajrih, ngantos kaken kados sela amargi saking agungipun asta Paduka, dhuh Yehuwah, inggih ngantos dumugi ing samentasipun umat Paduka, ngantos samentasipun umat ingkang Paduka dadosaken kagungan Paduka punika.


Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”


Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”


Marga saka iku, padha diawas marang lakumu, aja kaya wong kang bodho, nanging dikaya wong kang pinter,


Wus cukup suwe anggonira padha lumaku ngubengi pagunungan iki, samengko sira menggoka mangalor;


Bangsa Edom iku aja kokanggep jember, awit iku sadulurmu. Wong Mesir iya aja kokanggep jember, marga kowe biyen padha dadi wong neneka ana ing nagarane.


supaya kowe ora padha kaciren lan ora padha cacad, padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,


Tumindaka kanthi sakehing kawicaksanan tumrap wong jaba, sarta padha nggemenana wektu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan