37 Mung nagarane bani Amon iku ora kokcedhaki, dadia tanah ing saurute kali Yabok, dadia kutha-kutha ing pagunungan, cocog karo wewaler kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang kita.”
Nanging digecak dening wong Israel klawan landheping pedhang, sarta nagarane nuli diejegi, wiwit ing kali Arnon tutug ing kali Yabok, nganti tumeka ing tapel-watese tanahe bani Amon, amarga tapel-watese wilayahe wong bani Amon iku santosa.
sarta nyedhaki tlatahe wong bani Amon. Sira aja nglawan lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka nagarane bani Amon dadi darbekira, marga iku wus Sunparingake marang turune Lut dadi darbeke.
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku: Sira aja nglawan marang Moab lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka ing nagarane kang banjur dadi darbekira, marga tanah Ar iku wus Sunparingake marang bani Lut dadi darbeke.
Bani Ruben lan bani Gad padha dakwenehi saperangane tanah Gilead tutug ing kali Arnon, yaiku saparone kali iku dalah pinggire, lan ing sisih kana nganti tutug ing kali Yabok, tapel watese tanahe bani Amon;
Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, kang akedhaton ana ing kutha Hesybon, wewengkone wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon, ing saparone kali iku, kawuwuhan saparone tanah Gilead, tutug ing kali Yabok, tapel watese dhaerah bani Amon,
Kanthi makaten satlatahipun tiyang Amori sadaya sami dipun darbeki dening tiyang Israel wiwit ing lepen Arnon ngantos dumugi ing lepen Yabok, saha wiwit ing ara-ara samun ngantos dumugi ing benawi Yarden.