Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 2:36 - Kitab Sutji

36 Wiwit saka ing Aroer, kang kaprenah ana ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang ana ing lebak saurute kali, nganti tekan ing tanah Gilead, ora ana kutha siji-sijia kang ora karayud marga saka santosane, awit kabeh diulungake dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 2:36
18 Iomraidhean Croise  

Padha nyabrang ing bengawan Yarden, banjur miwiti saka ing Aroer lan saka ing kutha, kang prenahe ana ing satengahing lebak, kang anjog ing Gad lan Yaezer.


ing sawetane bengawan Yarden, sawewengkone tanah Gilead karebut kabeh, tanahe wong Gad, wong Ruben lan wong Manasye, wiwit saka ing Aroer ing sapinggire kali Arnon, iya tanah Gilead, iya tanah Basan.


Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka, nanging para leluhur sami Paduka tanem, suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara, nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.


Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.


kampung-kampunge bakal disuwungake ing salawase lan bakal dadi papan kanggo pepanthaning raja kaya, kang mlegung kalawan ora karidhu ing sapa-sapa.


He para wong ing Aroër, ngadhanga ing pinggir dalan lan ngungaka! Takona marang kang padha keplayu lan bisa oncat, takona, apa kang wus kelakon!


Bani Gad banjur padha mbangun kutha Dibon, Atarot lan Aroer;


Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?


“Anadene nagara iku nalika samana wus padha kita ejegi, wiwit saka Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon, nganti tekan saparone pagunungan Gilead dalasan kutha-kuthane, iku banjur dakwenehake marang bani Ruben lan bani Gad;


Wiwit saka ing Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon tekan ing gunung Siryon, yaiku gunung Hermon,


Sajegira urip bakal ora ana wong, kang bisa lestari ana ing ngarepira; kaya anggoningSun nunggil karo Musa, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nunggil karo sira. Sira ora bakal Suntegakake lan Suntilar.


Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, kang akedhaton ana ing kutha Hesybon, wewengkone wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon, ing saparone kali iku, kawuwuhan saparone tanah Gilead, tutug ing kali Yabok, tapel watese dhaerah bani Amon,


tlatah pandumane wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta tanah warata ing pagunungan sacedhake Medeba kabeh;


yaiku wiwit ing Aroer ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta saindenging tanah warata ing pagunungan wiwit ing Medeba nganti tutug ing Dibon,


Sabanjure padha diparingi tentrem ing sakubenge dening Sang Yehuwah netepi prasetyane kang kanthi supaos marang para leluhure. Sakehing mungsuhe ora ana siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepe: Sakehing mungsuhe padha diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane.


Kanthi makaten satlatahipun tiyang Amori sadaya sami dipun darbeki dening tiyang Israel wiwit ing lepen Arnon ngantos dumugi ing lepen Yabok, saha wiwit ing ara-ara samun ngantos dumugi ing benawi Yarden.


Sampun antawis tigang atus taun tiyang Israel anggenipun sami manggen wonten ing Hesybon sawewengkonipun, kaliyan ing Aroer sawewengkonipun, tuwin wonten ing sakathahipun kitha ing sakiwa-tengenipun lepen Arnon, punapaa dene kitha wau boten panjenengan dalem rebat kala samanten?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan