Sarta pinujia Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, dene sampun masrahaken mengsah jengandika wonten ing asta jengandika.” Rama Abram banjur ngaturake saprasepuluhe barang bandhangan mau.
Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.
Nanging digecak dening wong Israel klawan landheping pedhang, sarta nagarane nuli diejegi, wiwit ing kali Arnon tutug ing kali Yabok, nganti tumeka ing tapel-watese tanahe bani Amon, amarga tapel-watese wilayahe wong bani Amon iku santosa.
Nanging kutha-kuthane bangsa-bangsa kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, iku sakehe kang mawa ambekan aja ana kang kokuripi,
sarta iku wus padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe satemah kena kokgecak nganti kalah, bangsa iku kudu padha koktumpes babar pisan. Aja gawe prajanjian karo bangsa-bangsa iku lan aja kokwelasi.
Sabanjure padha diparingi tentrem ing sakubenge dening Sang Yehuwah netepi prasetyane kang kanthi supaos marang para leluhure. Sakehing mungsuhe ora ana siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepe: Sakehing mungsuhe padha diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane.
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Sang Gidheon: “Bala kang melu sira iku kakehen tumrap ing karsaningSun anggoningSun bakal masrahake wong Midian marang ing tangane wong Israel, supaya ora padha gumunggung ana ing ngarsaningSun karo kandha: Tanganku dhewe kang mitulungi aku.