Kajawi punika ugi Paduka paringi karajan tuwin bangsa pinten-pinten, lajeng dhaerahipun wau Paduka paringaken dados dhaerah wates, amargi tanahipun sami dipun ebroki: inggih punika tanahipun Sihon, raja ing Hesbon, lan tanahipun Prabu Og, raja ing Basan.
Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wruhanira, Ingsun wus miwiti ngulungake Sihon dalah tanahe marang sira, kang iku sira miwitana ngenggoni tanahe supaya dadia darbekira.
“Kita banjur menggok lan lumaku ngener marang tanah Basan; Prabu Og, ratu ing Basan, nuli methukake kita lan perang nglawan kita dalah wadya balane kabeh ana ing Edrei.
Iki asmane para ratu ing nagara kang dikalahake dening wong Israel lan kang diejegi nagarane ana ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan, wiwit ing kali Arnon tutug ing gunung Hermon sarta saindenging Araba-Yordan sapengetan.